Posts

Showing posts with the label TUTORIAL

TONGSIS MODEL OPO IKI ??

Image
Dino iki rasa-rasane aku lagi konslet, barang ora ono kegiatan, sinyal internet empet-empetan. lhah kowe reti to nek lagi jenuh kui kepiye rasane. yo kepepet-pepete golek acara. rencanane arep ngerjani wong-wong tapi iki lagi musime wong penyakiten. wedine ngerjani wong sing di kerjani lagi keno struk, ora malah gae masalah ngger. walaupun uripku kakean masalah tapi aku berusaha ora sambat lan susah. di empet wae. donga sg temen karo usaha. lha critane iki mau aku nemu alumuniom batangan gae nyondoli jambu ning mburi omah kiro-kiro dawane 6 meteran, iku asline yo bekas tak gawe crane camera. tapi wis ra kanggo yo sidane tak gae nyondoli jambu bosok ning mburi omah. rasane awak lan pikiranku ki kurang piknik. jebul tenan barang reti wesi dowo kui tak sawang-sawang yo koyok nek nyawang ABG ayu ning sinetron ngono kae lah le. dramatis karo musike siksa kubur. Aku nyawang-nyawang wesi sing gae nyondoli jambu bosok kui sue banget. dramatis pokok'e. awakmu kebayangkan sinetr...